Sesorah Pengetan Dinten Kartini

Rabu, April 28, 2010



Sesorah ni aku buat waktu mau ujian praktek basa Jawa. Sebenernya ga asli bikinanku si . hhe .
kalo mau nyari yang lebi lengkap, klik ajaa www.google.com. hhe :D

+++

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu Guru ingkang kinurmatan, sarta rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ingkang kaping sepindah, mangga kita sareng-sareng ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kita sedaya saged makempal salebetipun pahargyan pengetan dinten kartini.

Salam lan shalawat mugi-mugi tetep tercurah dhumateng Nabi Muhammad SAW lan para sahabat.

Bapak-Ibu Guru ingkang kula kurmati, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula lan pankenengan sedaya. R.A Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhut sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal punika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa.

Bapak-Ibu Guru lan rencang-rencang ingkang kebaking kabagyan.

Pancen sampun dipunkodrataken wanita punika saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia.

Kanthi mekaten punika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mad sinamad, sih sinisihan, lan sami asah, asih, lan asuh.

Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepat salahipun kula nyuwun agunging pangapunten.


Wabilahitaufik walhidayah
Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarakatuh

You Might Also Like

1 COMMENTS

Hello, there! Welcome to harianiseng. Have you travel around here a lot, and get lost? Make sure to pay a visit later! Love.

FRIENDS OF MINE

Subscribe