Sesorah Tanggap Warsa Sekolah

Selasa, April 03, 2012


Assalamua’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Ingkang kinurmatan Kepala SMAN 2 Purwokerto, ingkang kinurmatan guru-guru ugi staf Karyawan, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani
Ingkang kapisan, monggo kita sareng-sareng manjataken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkng Maha Agung, inggih awit kamirahanipun kita sedanten saged makempal  ing adicara pengetan ambal warsa kaping 62 SMAN 2 Purwokerto.
Salam lan shalawat mugi – mugi tetap tercurah dhumateng junjungan Nabi Ageng Muhammad SAW lan para sahabat ngantos akhir zaman.
Kadang sedulur ingkang kula tresnani,
Kula minangka sesulihipun saking kelas XI IPA 2, badhe ngaturaken maturnuwun kangge sedaya rencang-rencang ingkang sampun rawuh lan kersa nderek pengetan ambal Warsa kaping 62 SMAN 2 Purwokerto.
Dinten menika pengetan kaping 62 SMAN 2 Purwokerto ingkang kita tresnani. Mugi-mugi kaliyan nambahing yuswa, sekolah kita saged tambah Jaya lan maju. Ingkang ndidik putra lan putri bangsa berbudi unggul lan luhur.
Kula ugi sanget ngaturaken maturnuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun ndidik lan nyinaonipun kula kaliyan rencang-rencang supados dadod tiyang ingkang miguna kangge agama, nusa lan bangsa.
Kula lan rencang-rencang bakalan tetep semangat kangge sekolah ln nguber gegayuhan. Kula inggih mboten wedi kangge ngimpi amargi tiyang sukses menika tiyang ingkang gadhah impian ageng lan kerja keras kangge mujudaken.
Rencang-rencang ingkang dimulyakaken dening Allah,
Monggolah awit seniki kita kedah lan sami sinau sregep kangge mbangun negeri kita menika. Negara ingkang maju menika, negara kang kagungan pemuda-pemudi patriotisme lan semangat mbangun dhuwur. Menawi kita dados tiyang sukses ing mbenjang, mboten dinyana sanes namung kita ingkang bangga.
Cekap semanten atur kula. Nyuwun agunging pangarsami bilih kathah klentha – klenthunipun.
Selamat Ulang Tahun SMA Negeri 2 Purwokerto
Jayalah Selalu!
Wabilahitaufik Wal Hidayah
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

You Might Also Like

4 COMMENTS

Hello, there! Welcome to harianiseng. Have you travel around here a lot, and get lost? Make sure to pay a visit later! Love.

FRIENDS OF MINE

Subscribe